Sunday, June 17, 2012

BAHASA JAWA-___-

(Rabu, 15 Februari 2012)

TUGAS SESORAH


1.     
Syukuran anggene lulus sekolah.

Assalamualaikum Wr. Wb
Ingkang minulya Bapak Kepala SMP N 2 Yogyakarta, ingkang kinurmatan  Bapak Ibu guru kaliyan karyawan saha Bapak Ibu wali murid , para kanca ingkang sutresna.
Saderengipun, mangga kita ngaturaken puji syukur dumatheng Allah SWT, ingkang sampun maringi kasarasan, rahmat lan hidayah dumatheng panjenengan saha kula. Kita saged ngrawuhi acara perpisahan kaliyan syukuran punika.
Jumeneng wonten ngajengipun panjenegan punika, kula makili kanca-kanca kelas XI badhe ngaturaken rasa syukur dumatheng Allah SWT amargi kula sakanca sampun LULUS saking SMP N 2 Yogyakarta kalian biji ingkang sae. Ugi, kula sakanca badhe ngaturaken rasa matur nuwun kula sakanca dumatheng Bapak Ibu guru ingkang sampun paring pambiyantu, pitedah, saha wewarah ing babagan ilmu keterampilan, sarta kewasisan menapa kemawon dumatheng kula sakanca kanthi eklasing manah, kita saged LULUS kalian biji ingkang sae. Samenika biji terendah 36.00 lan tertinggi 39.90 SMP N 2 Yogyakarta saged nglulusaken siswa siswinipun kanthi 100%. SMP N 2 Yogyakarta saged dados ranking 1 sa-Kota Yogyakarta lan sa-Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta.
Boten kesupen kula sakanca ugi nderek ndedonga, mugi-mugi sadherek kula kelas XI saged ketampi wonten SMA utawi SMK ingkang dipun remeni. Amin.
Minangka panutupan atur, kula sakanca nyuwun pangapunten bilih kula sakanca kagungan kalepatan dumatheng Bapak Ibu guru saha karyawan, kita nyuwun pangapunten sanget.
Samenika aturan kula, minangka wonten kalepatan kula nyuwun panghapunten. Matur nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.


2.     Ketua Panitia ing Pentas Seni Pengetan Dinten Kamardikan.

Assalamualaikum Wr. Wb.
      Ingkang kinurmatan Bapak Kepala SMP N 2 Yogyakarta, Bapak Ibu guru kaliyan karyawan ingkang kula hormati, para kanca kelas VII, VIII, IX ingkang sutresna.
      Mangga kita ngaturaken puji syukur dumatheng Allah SWT ingkang sampun maringi kasarasan, rahmat kaliyan hidayah dumatheng panjenengan saha kula. Kita saged ngrawuhi acara pembukaan Pentas Seni Pengetan Dina Kamardikan.
      Kagem mengeti dinten Kamardikan ingkang sampun 67 tahun SMP N 2 Yogyakarta ngawontenaken acara pentas seni. Pentas seni punika kegem hiburan kaliyan mbangkitaken rasa nasionalisme para siswa menika. Pentas seni punika njunjung tema “Keseniaan Tradisional Indonesi”. Tema punika dijunjung amargi kathah saget lare enem Indonesia sampun kesupen dumatheng kesenian tradisional Indonesia. Para remaja utawi lare enem punika sampun kepincut kesenian budaya negara liya, kepara budaya Indonesia wonten ingkang dipunakoni negara liya.
      Tuladhanipun kesenian Reog Ponorogo ingkang diklam utawi dipunakoni negara Malaysia utawi kesenian Tari Pendhet ingkang dipunakoni negara Malaysia. Mila, kita sedaya dados warga negara Indonesia wajib mbudayaken, nglestarikaken kesenian Indonesia supados boten dipunakoni utawi diklaim kaliyan negara liya.
      Pentas seni punika mugi-mugi saged mbangkitaken rasa nasionalisme. Amargi, katah lare enem ingkang sampun kesupen kaliyan perjuangan kamardikan kangge ngrebut kamardikan saking penjajah. Mugi-mugi saking pentas seni punika para siswa saged sadar kaliyan Kesenian Indonesia kaliyan perjuangan para pejuang Indonesia. Katah lare enem boten peduli kaliyan perjuangan pejuan Indonesia.
      Samenika aturan kula, minagka wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten. Merdeka Kesenian Indonesia! Merdeka Indonesia! Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 comments:

Post a Comment